TRIANGULUM AUSTRALE | |
---|---|
![]() | |
Cekakan | TrA |
Genitif | Trianguli Australis |
Asensio rekta | 16 |
Deklinasi | −65 |
Area | 110 derajad pesagi (#83rd) |
Lintang utama | 3 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 10 |
Lintang mawa planèt | 1 |
Lintang padhang | 3 |
Lintang cedhak | 0 |
Lintang paling padhang | α TrA (Atria) (1.91m) |
Lintang paling cedhak | ζ TrA ( tc) |
Obyèk Messier | None |
Udan météor | None |
Rasi lintang sing wewatesan | Norma Ara Circinus Apus |
Katon antara lintang +25° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi July. ' | |
Triangulum Australe inggih punika salah satunggaling konstelasi ingkang alit ingkang mapan tebih wonten ing belahan bumi kutub kidul.[1] Triangulum australe inggih saking nama Latin, "the southern triangle", ingkang misahaken piyambakipun saking Triangulum ingkang mapan wonten ing langit lor lan punika asalipun saking wujud ingkang mèh sami kaliyan pola segitiga sama sisih saking tigang lintang ingkang padhang piyambak. Wujud wujud punika sepisanan dipungambaraken wonten ing satunggaling bal dunya dhedhasar Petrus Plancius ing taun 1589, lan sapunika badhé langkung tepat malih dhedhasar gambaranipun Johann Bayer wonten ing taun 1603 kanthi nama Uranometria.
Piyambakipun inggih explorer saking Prancis ingkang sesarengan kaliyan astronom Nicolas Louis de Lacaille ingkang nggambaraken lan paring lintang ingkang padhang piyambak kanthi sebatan Bayer ing taun 1756. Alpha Trianguli Australis ingkang misuwur kanthi sebatan Atria, inggih punika satunggaling raksasa oranye ingkang magnitudonipun kalih lan lintang ingkang padhang piyambak ing konstelasi punika. Kanggé njangkepi segitiga ingkang wonten inggih kanthi kalih lintang pethak ingkang wigati ingkang wonten ing urutanipun lintang Beta lan Gamma Trianguli Australis. Sanajan ta konstelasi punika mapan wonten ing konstelasi galaksi Bimasekti lan ngewrat kathah lintang, objek langit ingkang lebet boten patos katingal.[2] Fitur ingkang paling wigati ingkang wonten inggih kalebet kluster ingkang kebikak NGC 6025 lan planit nebula NGC 5979.