Tripoli طرابلس | ||
---|---|---|
![]() Bèntèng Tripoli lan Lapangan Ijo | ||
| ||
![]() Lokasi Tripoli ing Libya, Afrika. | ||
Nagara | Libia | |
Sha'biyah | Tripoli Sha'biyah | |
Pamaréntahan | ||
• Head of the People's Committee | Abdullatif Abdulrahman Aldaali | |
Laladan | ||
• Gunggung | 400 km2 (200 sq mi) | |
Élepasi | 81 m (266 ft) | |
Cacah warga (2004) | ||
• Gunggung | 1.682.000 | |
Zona wektu | EET (UTC+2) | |
• Usum panas (DST) | not observed (UTC+2) | |
Situs wèb | http://www.tripoli.info |
Tripoli (Basa Arab: طرابلس Ṭarābulus - uga طرابلس الغرب Ṭarā-bu-lus al-Gharb[1] Basa Libia sadina-dina: Ṭrābləs asal saka "kanggo telung kutha" Basa Yunani: Τρίπολη, Basa Turki: Trablus) iku kutha gedhé dhéwé lan kutha krajan Nagara Libia. Tripoli sing ndunungi 1.69 yuta jiwa. Kutha iki dumunung ing sisih lor-kulon ana ing pinggir ara-ara pasir, lan pinggir Sagara Mediterania. Tripoli diadegaké ing abad kaping-7 SM déning wong Phoenicia, sing mènèhi jeneng Oea.[2]
Tripoli iku kutha sing gedhé dhéwé, kutha pelabuhan utama, lan pusat perdagangan lan indhustri ing Libia. Ing kutha iki uga dumunung Universitas Al-Fateh. Amarga dawané sajarah kutha iki, akèh tinemu situs-situs arkèologi wigati ing Tripoli. Cuaca ing Tripoli lumrahé padha karo cuaca ing tlatah Mediterania, kanthi mangsa panas sing garing lan panas, mangsa adhem kang njekut lan curah udan kang samadya.
"Tripoli" uga duwé makna "Sha'biyah" (pamérangan administratif paling dhuwur ing sistem Libia).