TUCANA | |
---|---|
![]() | |
Cekakan | Tuc |
Genitif | Tucanae |
Asensio rekta | 0 |
Deklinasi | −65 |
Area | 295 derajad pesagi (#48th) |
Lintang utama | 3 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 17 |
Lintang mawa planèt | 5 |
Lintang padhang | 1 |
Lintang cedhak | 2 |
Lintang paling padhang | α Tuc (2.87m) |
Lintang paling cedhak | LHS 1208 ( tc) |
Obyèk Messier | None |
Rasi lintang sing wewatesan | Grus Indus Octans Hydrus Eridanus (corner) Phoenix |
Katon antara lintang +25° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi November. ' | |
Tucana inggih punika salah satunggaling konstelasi saking gugusan lintang ingkang mapan wonten ing langit belahan bumi sisih kidul, ingkang kapanggih wonten ing abad kaping 16.[1] Tucana inggih nama Latin saking toucan, salah satunggaling jinis manuk wonten ing Amérika Selatan, mliginipun saking Brasil.[2] Tucana punika ugi misuwur minangka griya saking Small Magellanic Cloud ingkang ugi kaliyan Large Magellanic Cloud ing Dorado, ingkang kekalihipun inggih punika salah satunggal saking kalih satelit saking galaksi Bimasekti. Tucana inggih sanès satunggaling konstelasi ingkang nonjol sanget amargi sadaya lintang-lintang ingkang wonten magnitudonipun namung tiga utawi lemes sanget, déné wonten ing pratélan lintang ing TUcana inggih punika wonten Alpha Tucanae manawi dipuntingali kanthi cetha gadhah magnitudo 2,87. Déné tigang aksara ingkang dipunandharaken kanggé nyekak konstelasi Tucana, kados ingkang sampun dipunadhopsi déning International Astronomical Union ing taun 1922 inggih punika "Tuc". Pakempalan kantor ingkang ngurusi konstelasi punika ingkang sampun dipuntata déning Eugène Delporte ing taun 1930, inggih punika wujud satunggaling polygon ingkang gadhah 10 pérangan. Wonten ing sistem koordinat equator, koordinat minggahipun konstelasi ingkang leres inggih punika watesanipun wonten ing antawisipun 22 j 08.45m dan 01 j 24.82m, déné deklinasi koordinatipun ing antawisipun-56,31 ° lan-75,35 °.