USS Gambier Bay iku prau pamotan palwa udara iringan klas Casablanca nalika Perang Donya II ing Wadya Sagara Amérikah Sarékat. Prauné kapernahaké rikala 10 Juli 1943 ing Vancouver, Washington déning Kaiser Shipyards; banjur kababar rikala 22 Novèmber 1943. Kang mragadi prau iki Nyonyah H. C. Zitzewitz. Prau iki kinepyakaké rikala 28 Dhésèmber 1943.
Gambier Bay kèrem rikala 25 Oktober 1944 déning prau perang Jepang Yamato[1][2] ing Perang Samar (11°46′N 126°09′E / 11.767°N 126.150°E).