Ujung Arab utawi Jazirah Arab punika semenanjung wonten ing Asia Kulon, ingkang papanipun wonten ing sisih lor-wétanipun Afrika wonten ing Lempeng Arab. Kanthi wiyaripun 3.237.500 km², Semenanjung Arab punika semenanjung ingkang paling ageng wonten ing donya.[1][2][3][4][5]
Semenanjung Arab punika terbentuk minangka asil saking perpecahan Segara Merah antawis 56 lan 23 yuta taun kapungkur, lan dipunwatesi déning Segara Merah wonten ing sisih kulon lan kulon-kidul, Teluk Persia lan Teluk Oman wonten ing sisih lor-wétan, Levant lan Mesopotamia wonten ing sisih lor, lan Segara Arab lan Samudra Hindia wonten ing sisih kidul-wétan. Semenanjung punika gadhah peranan geopolitik ingkang kritis wonten ing donya Arab lan sacara global amargi cadhangan minyak lan gas alam ingkang ageng.