Vayeshev, Vayeishev, utawa Vayesheb (וַיֵּשֶׁב — Ibrani kanggo "lan ia urip," tembung kapisan saka parsyah kasebut) yaiku Wacaan Torèt Saben Minggu (פָּרָשָׁה, parsyah) kasanga ing siklus wacaan Torèt Yahudi taunan. Parsyah kasebut ngeliputi Purwaning Dumadi 37:1-40:23. Parsyah kasebut nyritani babagan putra-putra Yakub didol Yusuf menyang pambuangan ing Mesir, Yehuda nyalahke kaponakane Tamar lan nemoke kesalahane, lan Yusuf ngelayani Potifar lan ditahan amargi difitnah sampun nyerang garwa Potifar.
Parsyah kasebut kalebu 5.972 aksara Ibrani, 1.558 tembung Ibrani, 112 ayat lan 190 baris ing Gulungan Kitab Torèt (סֵפֶר תּוֹרָה, Sefer Torah).[1] Yahudi maca iku ing Sabat kasanga sawise Simchat Torah, ing pungkasan November utawa Dhesember.[2]