Vitamin K

Vitamin K1 (phylloquinone). Kakalihipun ngandhut cincin naftokuinona kaliyan satunggal ranté lurus. Filokuinona gadhah ranté fitil
Vitamin K2 (menaquinone). Ing salebeting menaquinone ranténipun kadamel saking manéka jinis komposisi residu isoprenoid.

Vitamin K (K saking "Koagulations-Vitamin" ing Basa Jerman kaliyan Basa Dhènemarken[1]) inggih punika saklompok vitamin lipofilik kaliyan hidrofobik ingkang dipunbetahaken kanggé modhifikasi pasca translasi saking manéka jinis protéin, kados ta ing prosès mbekunipun getih. Sacara kimia, vitamin K turunan saking 2-metil-1,4-naftokuinona.[2]. Sifat Vitamin K inggih punika tahan panas, nanging énggal risak manawi kénging senyawa asem, basa, kaliyan sinar srengéngé.[2]

Ing manungsa, vitamin K angsal saking nutrisi panganan kaliyan mikroflora ing saluran pencernaan. Ing salebeting ati, vitamin K dipunbetahaken kanggé ngaktivaken protombin mawi réaksi karboksilasi gugus Glu ing rèsidèu protéin perkusoripun. Asam glutamat ingkang ngalami réaksi karboksilasi bakal éwah dados asem karboksiglutamat gamma.[3]

Vitamin K2 (menakuinona, menatetrenona) kanthi normal dipunkasilaken déning baktèri ing salebeting saluran pencernaan manungsa, kaliyan defisiensi gizi amargi diet ingkang jarang sanget kadadosan kajawi saluran pencernaan punika ngalami karisakan ingkang parah sanget.[2] Saéngga boten saged nyerep molekul.[2] Vitamin K pinanggih ing janganan ijem, kados ta bayem, katuk, kol, selada, kaliyan brokoli.[2]

  1. Dam, Henrik (1935), "The Antihaemorrhagic Vitamin Of The Chick" (PDF), Biochemical Journal, XXIX (82): 1273–1285 {{citation}}: line feed character in |title= at position 29 (pitulung)
  2. a b c d e Vitamin Basics. DSM Nutritional Products. http://www.vitamin-basics.com/index.php?id=41
  3. "Abnormal Prothrombin (DES-γ-Carboxy Prothrombin) in Hepatocellular Carcinoma". Departments of Surgery and Pathology, University of Pittsburgh School of Medicine and the Veterans Administration Medical Center; A. Nakao, A. Virji, Y. Iwaki, B. Carr, S. Iwatsuki, dan E. Starzl. Dibukak ing 2010-12-10.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne