Wadhuk Gajah Mungkur

Wadhuk Gajah Mungkur
Waduk Gajah Mungkur
Negara Indonésia

Wadhuk Gajah Mungkur ya iku wadhuk kang mbendhung kali Bengawan Sala lan dunungé 3 km sisih kidul kabupatèn Wanagiri, Provinsi Jawa Tengah.[1]

Kanggo agawé wadhuk iki, kang ndunungi 51 désa, utawa kurang luwih 12.157 kepala kulawarga lan 67.157 jiwa, nglakokaké transmigrasi bedhol désa menyang Sumatra Kulon (Sitiung), Jambi (Jujuhan, Rimbo Bujang, Alai Ilir, Pemenang), Bengkulu (Air Lais, Sebelat, Ketahun, Ipuh), lan Sumatra Kidul (Panggang, Baturaja).[2]

Wadhuk Gajah Mungkur iki mligi ngairi sawah masarakat ing laladan Sukoharjo, Klaten, Karanganyar lan Sragen.[1]

  1. a b Bendungan Gajah Mungkur Kini, Hak cipta © 2007-2011 TeamTouring. Dipuntingali tanggal 4 Juni 2011.
  2. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet2

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne