Wahid Hasyim | |
---|---|
![]() | |
Mantri Agama Indonésia | |
Linggih 2 September 1945 – 14 November 1945 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | Tidak ada, kalungguhan baru |
Kang sawisé | Rasjidi |
Linggih 6 September 1950 – 3 April 1952 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | Masjkur |
Kang sawisé | Fakih Usman |
Rerincèn dhiri | |
Lair | ![]() | 1 Juni 1914
Pati | 19 April 1953![]() | (umur 38)
Bangsa | ![]() |
Sisihan | Solehah binti KH Bisri Syansuri |
Alur | Hasyim Asy'arie (Bapak) Abdurrahman Wahid (Anak) |
Anak | K.H. Abdurrahman Wahid Aisyah Hamid Baidlowi K. H Solahuddin Wahid dr. Umar Wahid, Sp.P Lily Chodijah Wahid Hasyim Wahid |
Agama | Islam |
Wahid Hasyim utawa kang asring karan Kiai Haji Abdul Wahid Hasyim (lair ing Jombang, Jawa Wétan, 1 Juni 1914 – séda ing Cimahi, Jawa Kulon, 19 April 1953 nalika yuswa 38 taun) iku Pahlawan Nasional Indonésia. Wahid Hasyim iku wong tuwané présidhèn nomer papat Indonésia, Abdurrahman Wahid. Dhèwèké iku putra pahlawan Hasyim Asy'arie. Wahid Hasyim disarèkaké ing Tebuireng, Jombang.[1] Dhèwèké uga dadi salah sijiné perumus Pancasila lan Mantri Agama ing telu kabinèt (Kabinet Hatta, Kabinet Natsir, lan Kabinet Sukiman).
Mantan Ketuwa Tanfidiyyah PBNU (1948) lan Pimpinan nomer loro Pesantren Tebuireng (1947 – 1950) iku reformis ing babagan pendhidhikan ing pesantren lan pendhihikan Islam Indonésia. Dhèwèké misuwur minangka sing ngadegaké IAIN (saiki dadi UIN).[2]