Wikimania

Wikimania iku konferènsi para naraguna proyèk wiki kang dianakaké déning Yayasan Wikimedia. Konferènsi kang kapisan dianakaké ing Frankfurt, Jerman ing Agustus 2005. Konferènsi kang kapindho dianakaké ing Boston, Amérika Sarékat uga ing sasi Agustus 2006. Sing kaping telu dianakaké ing Taipei, Taiwan, Républik China ing taun 2007.

Banjur para panliti lan pamicara nyedyakaké panlitèn lan èkspérimèn bab proyèk-proyèk Wikimedia. Program iki nglebokaké présèntasi, lokakarya, lan pangajaran kanggo mènèhi sakilas gambaran bab riset wiki lan proyèk kawruh bébas.

Akèh-akèhé pacelathon nganggo basa Inggris, nanging bahan konferènsi uga diterjemahaké sajeroning sawatara basa resmi.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne