Windstruck | |
---|---|
![]() Poster promosi Windstruck | |
Disutradarani | Kwak Jae-yong |
Diprodhuseri | Jeong Hun-tak |
Dibintangi | Jun Ji-hyun Jang Hyuk |
Dimusiki | Choi Seung-hyun |
Sinématografi | Jeong Han-cheol |
Dibesut déning | Kim Sang-bum |
Dibabar déning | CJ Entertainment |
Tanggal metu | |
Suwéné | 123 menit |
Nagara | Koréa Kidul |
Basa | Koréa |
Kalarisan | US$17,773,061 (Jepang) |
Windstruck inggih punika drama kumedhi romantis saking Koréa Kidul ingkang dipunsutradarani Kwak Jae-yong, lan dipuncakaken béya prodhuksinipun déning Jeong Hun-tak. Film punika kawiwitan saking patemoning pulisi Kyun-ji Yeo kaliyan Myung-woo Ko, ingkang boten dipunjarag, ing salah satunggalipun kasus pidana. Pungkasanipun, Kyun-ji Yoe mangertos manawi Myung-woo Ko, guru saking SMA punika, pancèn tiyang kang boten lepat. Nalika dalu, Kyun-ji gadhah masalah kaliyan gèng sekolah, inggih punika tembak-tembakan antar tiyang ingkang ngideraken narkoba. Ngonangi punika, Myung-woo badhé mbiyantu Kyun-ji, nanging wonten prastawa kang boten kaduga kang ndadosaken Kyun-ji lan Myung-woo kapeksa gesang sesarengan. Awit prastawa punika, kakalihipun kados tuwuh katresnanipun. Wusana, Myung-woo lan Kyun-ji sami pepasihan. Nanging, nalika Kyun-ji badhé nyepeng durjana kang daksiya, Mung-woo kang badhé mbiyantu boten dinuga katembak déning Kyun-ji.[1][2][3] Windstruck dipunputer kaping sepindhah wonten Hong Kong, dipunèstrèni déning Jang lan Jun, nalika tanggal 28 Mèi 2004,[4]