Wiswamitra (Sanskerta: विश्वामित्र; Viśvā-mitra: "mitraning donya") yaiku jeneng salah sijiné Brahmaresi ing Agama Hindhu kang nampa wahyu Pangéran. Jeneng Wiswamitra uga ana ing kitab Ramayana, bebarengan karo Resi Wasista. Nanging ing Ramayana, Resi Wiswamitra asalé saka keturunan satriya lan biyèn minangka raja.