Wong Tanka

Tanka people
Wong Tanka wédok Makau.
Gunggung cacah jiwa
4,569,000 [1]
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Tiongkok CinaGuangdong, Guangxi, Fujian, Hainan, Zhejiang
Basa
Dhialèk Tanka saka Basa Cina Yue,
Dhialèk Fuzhou saka Basa Cina Min Wétan (Tanka Fuzhou), liyané varieties of Chinese
Agama
Agamané wong Cina (kalebu Taoisme, Konghuchu, animisme ing Cina lan liya-liyané) lan Buddha Mahayana.

Wong Tanka (Hanzi Sederhana: ; Hanzi Tradisional: ; Pinyin: Dànjiā; Cantonese Yale: Daahngā) utawa wong prau ya iku sawijining subgolongan ètnis ing Cina Kidul[1] sing uripé ana ing dhuwur prau jong ing pasisir Guangdong, Guangxi, Fujian, Langkawi district, lan Zhejiang, uga Hong Kong, lan Makau. Sanadyan saiki akèh kang manggon ing dharat, sawatara wong saka générasi sing luwih ndhisik ana kang isih manggon ing prau-prau lan isih ngupajiwa sarana cara tradhisional, ya iku mancing. Ing sajarahé, wong Tanka kuwi dianggep minangka golongané wong-wong buwangan. Amarga wng-wong kasebut urip ana ing prau ing sagara, wong-wong kuwi kadhang-kadhang dijuluki "gipsi sagara" (sea gypsies) déning wong Cina lan wong Inggris. Asliné wong Tanka bisa dilarah saka anané ètnis minoritas asli ing Cina pérangan kidul sing lunga ngungsi menyang sagara lan sithik mbaka sithik nggilut kabudayan Han. Sanajang mangkono, wong Tanka isih tansah nglèstarèkaké budayané dhèwè kang nduwé tradhisi kang ora ana ing budaya Cina Han.

Sawenèh wong Tanka uga manggon ing sawenèh wewengkon ing Viètnam. Ing kana, wong-wong kuwi dijuluki lagi disebut Dan (Đàn) lan digolongaké minangka sawijining subgolongan saka ètnis Ngái.

  1. Maria Jaschok; Suzanne Miers (1994). Maria Jaschok; Suzanne Miers (èd.). Women and Chinese patriarchy: submission, servitude, and escape. Zed Books. kc. xvi. ISBN 1-85649-126-9. Tanka, a marginalised boat people which could be found in the Southern provinces of China.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne