Wuku Galungan

Galungan utawa Dungulan iku jenenge wuku kang ping sewelas. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa déning Bathara Kamajaya. Ing minggu iki uga tiba, dina gedhé Galungan kang dirayakake déning umat Hindhu Indonésia, mligi déning umat Hindhu Bali, ing dina Rebo Kliwon. Wong kang dilairaké sajeroning wuku iki wateké gampang nesu, rada sembrana (Basa Indonésia: gegabah), gampang tersinggung, irèn, perasaané alus lan gampang kayungyun (tresna), rejekiné apik nanging rada boros, teguh kukuh lan kuwat sikapé.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne