Wulan Guritno

Infobox orangWulan Guritno
(2021)
Biografi
Nifas14 April 1981 (43 tahun pertal)
London
Kegiatan Pertal
PakaryanAktor
Wayah aktif1998  –
Kulawarga
Anak PertalShalom Razade

Twitter: WulanGuritno Instagram: wulanguritno IMDB: nm1840503

Sri Wulan Lorraine Joko Guritno (lair ing London, Inggris, 14 April 1981; umur 43 taun) pemeran wanita Indonésia saka keturunan Jawa (Sala). Wulan Guritno miwiti dadi aktris kang pisanan dhèwèké mbintangi sinétron 3 1/2 Wanita.[1] Sawisé iku, dhèwèké wiwit asring katon ing filem-filem lan sinétron liyané.[1] Sawisé mbintangi akèh sinétron, Wulan Guritno wiwit njajal dunya layar lebar.[1] Ning pambuka taun 2005, Wulan langsung mborong peran ning telung filem, ya iku Jani Joni, Gie lan Kejar Jakarta.[1] Film-filem iku kalebu filem-filem kang paling laris nalika jaman samana.[1] Awit iku, kaprigelan Wulan Guritno ning dunya akting sansaya kondhang lan tenar ing kalangan masarakat lan ora diragukaké manèh.[1]

Sawisé nikah karir Wulan Guritno tambah misuwur, babagan iku kabukten saka filem-filem kang dibabarake sawesé Wulan Guritno nikah.[1] Dhèwèké nikah karo Adilla, filem-filem iku ya iku Rasa lan Bukan Cinta Biyasa.[1] Loro filem mau dibabarake ing taun 2009.[1] Pungkasan sasi Oktober 2009, Wulan Guritno bali manèh mbabarake filem kang paling anyaré kang ngrembug babagan nasionalis, ya iku Rumah Maida.[1]

Januari 2010, tepaté ning tanggal 28 Wulan Guritno ngrilis filem kang paling anyar, 18+.[1] Ning filem iki dhèwèké lagi mbobot, peran kang dimainké déning dhèwèké uga ora gampang.[1]

Ora namung ana ning ngarep layar, Wulan Guritno wiwit merambah pagawean liyané kang ngurusi pérangan mburiné layar, ya iku dadi sutradara filem.[1] Iki iku debut perdana Wulan Guritno dadi sutradara.[1] Film iki kagolong filem indie kang judhulé BIDAN LELAKI.[1] Nanging, dhèwèké durung puas maring apa kang diolihi saiki.[1] Wanita kang tau ngawruh pandidikan ning Taliaconti Academy of Teater Art London iki uga mrambah dunya pulitik lan maju dadi calon lègislatif saka Parté Amanat Nasional.[1] Nanging, amarga masalah ijazah akiré dhèwèké mundur lan ora meluni bursa caleg.[1]

Deretan prestasiné Wulan Guritno ditambah manèh karo pangudiné mrambah dunya nulis.[1]13 November 2009, dhèwèké launching buku perdanané, kang judhulé FEEL.[1] Ning buku kang dikerjakaké bebarengan karo Adilla iku, Wulan uga nambahi lagu karyané Anang Hermansyah kang nggawé inspirasi kanggo nggawe buku mau.[1]

Taun 2011 iki, Wulan Guritno duwé proyek gedhé, ya iku anggarap filem kang paling anyaran, DILEMA.[1] Film iki unik amarga, ning njeroné ana limang carita kang digarap déning limang sutradara.[1] Ning filem iki dhèwèké dadi prodhuser, Wulan Guritno uga mudhun langsing dadi salah sijiné pemeran.[1] Ora namung sibuk ning dunya akting, Wulan Guritno uga duwé pagawean liyané, ya iku ngurusi bisnis salon.[2]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x biografi Wulan Guritno dipununduh tanggal 8 Juli 2011
  2. berita wulan guritno dipununduh tanggal 8 Juli 2011

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne