Yingluck Shinawatra ยิ่งลักษณ์ ชินวัตร | |
---|---|
Mahamantri kaping 28 | |
Linggih 8 Agustus 2011 – 7 Mèi 2014 | |
Ratu | Bhumibol Adulyadej |
Kang sadurungé | Abhisit Vejjajiva |
Kang sawisé | Niwatthamrong Boonsongpaisan |
Rerincèn dhiri | |
Lair | San Kamphaeng, Thailand | 21 Juni 1967
Parté pulitik | Parté Pheu Thai |
Sisihan | Anusorn Amornchat |
Anak | Supasek Amornchat |
Almamater | Universitas Chiang Mai Universitas Negeri Kentucky |
Agama | Buda Theravada |
Yingluck Shinawatra (lair 21 Juni 1967) inggih punika tiyang èstri ingkang pisanan ingkang sampun jumeneng nata minangka mahamantri Thailand.[1] Yingluck Shinawatra punika rayinipun tilas mahamantri Thailand Thaksin Shinawatra.[1][2] Panjenenganipun kalebet lulusan babagan ngèlmu pulitik lan administrasi bisnis, lan angsal gelar master ing Universitas Negeri Kuntucky, Amérikah Sarékat.[1] Yingluck Shinawatra gadhah kaunggulan inggih punika saé anggènipun gesang ing bebrayan, satunggalipun kaunggulan personal ingkang ndadosaken Yingluck Shinawatra saged ngalahaken Abhisit Vejjajiva ing pemilu.[1][2] Prosès kampanye déning parté pulitik Phue Thai ingkang dipunpandhégani Yingluck Sinawarta nawakaken Visi Thailand 2020.[3] Rayinipun Thaksin Shinawatra, tilas PM ingkang dipungulingaken déning militèr gangsal taun kapengker, kadosipun badhé ngadhepi alangan kalebet dobrakan tradisi tiyang jaler ingkang tansah dados mahamantri.[4]