Zeus (Yunani: Ζεύς) utawa Dias (Δίας) yaiku raja saka para déwa ana ing mitologi Yunani.[1] Ing Theogonia karya Hesiodos, Zeus ditepungi dadi bapak saka para déwa lan manungsa.[1] Zeus manggon ing Gunung Olimpus.[1] Zeus iku déwa langit lan bledhèg.[1] Simbol saka Zeus yaiku bledhèg, garudha, banthèng, lan wit-witan ek.[1] Zeus asring digambaraké déning seniman Yunani ana ing posisi ngadeg lan tangané nyekel bledhèg utawa manggon ana ing singgasanané.[1] Zeus uga ditepungi ing Romawi Kuna lan India kuna.[2] Ing basa Latin Zeus duwé jeneng Iopiter lan ana ing basa Sansekerta yaiku Dyaus-pita.[2]
Zeus iku putra ragil utawané paling cilik saka Kronos lan Rea.[2] Zeus rabi karo adhine wédok Hera kang ditepungi dadi dèwi bebrayan.[2] Zeus misuwur amarga duwé gegandhèngan karo akèh wong wédok lan uga duwé putra kang akèh.[2] Putra saka Zeus yaiku Athena, Apollo dan Artemis, Hermes, Ares, Hebe, Hefaistos, Persefon, Dionisos, Perseus, Herakles, Helene, Minos, lan Mousai.[3]
Zeus mbagi donya iki dadi telu lan mbagèkaké donya-donya mau marang sadulur-seduluré yaiku Poseidon kang dadi déwa panguwasa sagara, lan Hades déwa kang nguwasani donya ngisor (alam pati).[2] Pendhapat liya nyebutaké yèn pambagian mau dilakokaké dhedhasar undhian kang dilakokaké para déwa mau.[2] Zeus dikaitaké karo déwa Jupiter saka mitologi Romawi, déwa Amun saka mitologi Mesir, déwa Tinia saka mitologi Etruska, lan déwa Indra saka mitologi Hindhu.[2] Zeus, bareng karo Dionisos, dihubungaké karo déwa Sabazios saka Frigia, kang ditepungi minangka Sabazius ing Romawi.[2]
{{cite book}}
: |access-date=
requires |url=
(pitulung); Check date values in: |accessdate=
(pitulung)