Zodiak

gambar zodiak saka abad kaping 16

Zodiak (saka tembung Yunani Zoodiacos Cyclos kang tegesé Bunderan Kéwan) ya iku sawijining sabuk khayal ing langit kang ambané 18° kang punjeré ing bunderan ekliptika[1], nanging istilah iki bisa uga tegesé rasi-rasi lintang kang diliwati déning sabuk mau, kang saiki cacahé ana 13. Dipercaya konsèp iki asalé saka peradaban Lembah Kali Eufrat kamungkinan mung kanthi enem rasi, Taurus, Cancer, Virgo, Scorpio, Capricornus, lan Pisces, kang sabanjuré dipecah dadi 12 amarga penampakan taunan kaping 12 Bulan ndadari ing pérangan-pérangan urutan saka sabuk mau[2].

  1. Voigt, Hans-Heinrich (1974). Outline of astronomy volume I. Leyden: Noordhoff International Publishing.
  2. Allen, Richard H. (1936). Star-names and Their Meanings. New York: G. E. Stechert & Co.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne