Nusa Kambangan kuwe pulo sing letake nang kidul Cilacap. Diarani Nusa Kambangan amarga Nusa = pulo, lan Kambangan = kemambang, dadi Nusa Kambangan kuwe pulo sing kemambang (jere lik). Jarake Nusa Kambangan karo kota sekitar 2 kilo.
Fungsine Nusa Kambangan kuwe akeh banget, antarane :
Penjara nang Nusa Kambangan kuwe cacahe ana 7 penjara sing mesih aktif dienggo nggo anggon wong sing nduwe salah nang dunya. Penjara Nusakambangan ya kuwe :
Rika pada nek arep meng Nusa Kambangan kudu numpak perahu nyebrang sekang Cilacap nang Dermaga Wijayapura maring Dermaga Sodong, Nusa Kambangan. Tapi sayang saiki Nusa Kambangan wis mandan rusak mergane lemahe dijukuti terus nggo gawe semen, katone kang ngarep isih rungkut, tapi ora ngertia njerone wis gundul ora ana wit-witan babar pisan khusus sing nggo tambang semen kuwe. Mangkane sedulur ayo bareng-bareng ngelidungi Nusa Kambangan men tetep lestari ora rusak alase, ora punah kewan-kewane. Amarga Nusa Kambangan adalah "pulau penyelemat kita dari bahaya Tsunami".